PIDATO BAHASA JAWA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur panjenenganipun Ibu guru ingkang kula hormati,
rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, langkung rumiyen sumonggo tansah
ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit
panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan
kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba,
kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV,
napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados
awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang
ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan
tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet
penjara goro-goro narkoba.
Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun
lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan
sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang
ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru,
mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo
sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten
kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda,
minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho
merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko,
ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho
kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken
mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen
kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang
mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
'Sumber : (lupa)'